SASTRA

Saturday 17 December 2011

BABAD BATURADEN

Susah-susah ngartiin ke bahasa krama (tentunya dibantuin dong sama Bapak), eh temen yang lain, katanya palah dapet dari internet .... -_______-
berikut hasil kerja dari Anak-Bapak, dalam men-translate babad Banyumas  eh BATURADEN, yang ada di buku Budaya Banyumasan kelas V :



BABAD BATURADEN

        Konon kabaripun, wonten negara Rum nata setunggaling pangeran, ingkang gadhah asma, Maulana Maghribi ingkang nganut agama Islam.
        Nuju satunggalipun wanci, sasampunipun beliau mlampahi salat subuh, Maulana Maghribi mirsani ufuk timur wonten cahya terang benderang ingkang njulang inggil wonten angkasa.  Piyambakipun penasaran pengin ngertos papan kaliyan tegesipun cahaya kasebut. Maulana Maghribi nimbali rencang asmanipun, Haji Datuk, supaya ngempalaken hulubalang kaliyan bala tentara/prajurit kangge nyiapaken armada kaliyan sedaya perlengkapanipun, kangge kesah datheng daerah timur.
        Sesampunipun sedayanipun sumadya, akhiripun kaliyan 298 tiyang pangkat nuju arah timur inggih punika arah sunar ingkang dipunpirsani. Ing dalem wekdal 40 dinten 40 ndalu kapal ngarungi samudra, nglawan ombak saha badai, dumugi ing satunggalipun pulau ingkang dipun kenal kaliyan nama Pulau Jawa. Piyambakipun ndarat wonten satunggalipun papan ingkang asmanipun Gresik.
        Sanadyan katindakan tebih ingkang nyayahaken lan  kebak kaliyan rintangan saha tantangan Maulana Maghribi kaliyan pendarekipun tetep wonten kayakinanipun kangge tetep badhe manggihaken panggenan sunar ingkang dipirsanipun punika. Wonten satunggalipun dinten, wekdal  piyambakipun mirsani malih cahya ingkang terang benderang, arahipun wonten ing arah Barat daya Gresik. Akhiripun Maulana Maghribi cepet-cepet kesah wonten arah kasebut banjur labuh wonten Pemalang. Sasampunipun dumugi wonten Pemalang, amardanipun diutus kondur wonten nagaripun, lan Maulana Maghribi manggen kaliyan Datuk Haji, wonten ing daerah kasebut.
        Wonten ing enjang punika kalih muslim kasebut nerasaken perjalananipun wonten arah kidul, nglangkungi wana, nanging mboten dirasakaken. Piyambakipun ngaso wonten satunggalipun panggenan. Wonten papan punika Maulana ngrenungaken, mikiripun awratipun nyebaraken agama Islam, sarta punapa yektosipun cahaya ingkang  dipun pirsani. Papan kasebut banjur dipun asmani kaliyan asma Dusun Paduraksa. Banjur piyambakipun nerasaken perjalanan wonten kidul ngantos wonten ing panggonan satunggalipun wit randu ingkang dhungkar, banjur papan kasebut disebut, Dusun Randudongkal.
        Cahaya malih dipunpirsani wonten arah timur laut. Kekalih muslim kasebut ngaso kangge nglampahi salat, kaliyan mendhet toya wudu ing satunggalipun kolam alam ingkang alit nan bening, mangkepapan kasebut dipun asmani Belik. Katindakan dipunterasaken wonten arah wetan, piyambakipun nglampahi daerah seseloan, kalih ngaso wonten panggenan punika, mangka badhe dipun asmani kaliyan nama Desa Watukumpul.
        Saking Watukumpul sunar kapirsa malih wonten ing puncak redi ingkang cekap inggil lan kadosipun sayah sanget kangge dipunjangkau. Nanging saking kuat tekadipun, mila Syech Maulana Magribi kaliyan Haji Datuk nersaken perjalanan. Akhiripun ngantos panggenan ingkang dipun tuju. Wonten panggenan punika wontern satunggalipun petapa ingkang sumendeh wonten satunggalipun wit jambu, ingkang tuwuh ing siti ingkang inggil lan rata.
Alon lan penuh hormat kekalihan muslim punika maringaken salam “assalamualaikum” nanging mboten dipunjawab kaliyan petapa, sanadyan diulang wangsal-wangsul. Banjur piyambakipun mendhet tegesipun kadosipun sang petapa agamipun Budha.
        Sesampunipun midanget pangandikan saking Syeh Maulana, mila tiyang kasebut njawab jujur, piyambakipun inggih punika setunggaling tiyang ingakang nganut ajaran Budha. Ugi ngangkeni piyambakipun tiyang ingkang sekti. Kalih jawaban kasebut, mila wonten ing manahipun Syech Maulana ingin nyobi kadikdayan tiyang Budha kasebut. Kangge punika Maulana nyuwun mbuktikaken kadikdayan lajeng tiyang Budha punika mbuktikaken kadikdayanipun kaliyan miberaken kopiahipun wonten akasa, mirsani kopiah punika mila  Syech Maulana nandingi kaliyan miberaken kaosipun ngantos titi wancinipun kopiah punika katutup dening kaos kasebut. Mirsani kadadosan kasebut tiyang Budha pengen nunjukaken kadikdayan ingkang sanes.
        Kaliyan kadikdayanipun tiyang Budha punika nyusun setunggal-setunggal tigan ngantos njulang mring akasa kaliyan mboten dhungkar, Syech ngutus kangge mendhet tigan kasebut saking ngandhap ngantos telas, nanging tiyang budha kasebut mboten sanggup, mila Syech mendhet tigan kasebut kanti telas lan mboten dhungkar. Tiyang Budha kasebut ngraos aneh.
Paristiwa kasebut ndadosaken tiyang Budha pengin nyobi kadikdayanipun, wekdal punika kendil ingkang dipun isi kaliyan toya ditata setunggal-setunggal ngantos inggil lan mboten wutah. Syech Maulana ngraos sekedik kagum, diutus malih tiyang Budha kangge mundhut kendil punika setungggal-setunggal saking ngandhap, nanging sami mawon, piyambakipun njawab mboten saget mendhet. Syech Maghribi lajeng mundhut kendil-kendil punika atos-atos saking ngandhap, lan kendil ingkang pungkasanipun dipunsabet kaliyan setunggal driji ngantos pecah lan toyanipun sumrambah wonten pundi-pundi.
       Saking adu kadikdayan punika, akhiripun pendeta Budha kasebut ngaku, piyambakipun asmanipun Jambu Karang, ikrar dene badhe mlebet Islam. Asma Jambu Karang inggih punika leres kaliyan nami papan wonten pundi piyambakipun semedi, inggih punika sendehan wonten ing satunggalipun wit jambu ingkang dipun kubengi dening kumpulaning selo. Saking pernyataan tiyang punikam Syech Maulana banjur nyumpah kaliyan nyucekaken Jambu Karang kaliyan toya zam-zam ingkang dipun bekto dening Haji Datuk. Zam-zam punika dipun selehaken wonten satunggaling bumbung pring, nanging sebab kirang ngatos-atos, toya punika wutah. Kabaripun panggenan wutahipun zam-zam punika dados tuk ingkang mboten nate sat sinangsa musim kemarau.
       Jambu Karang dipunsumpah kaliyan dipunlantik dados muslim kaliyan asma Syech Jambu Karang. Sesampunipun sawetawis wekdal, Syech Maulana Maghribi nggarwa putrinipun Syech jambu Karang ingkang gadhahi asma Rubiah Bhakti. Papan pelantikan muslim Jambu Karang punika dipun namini Bukit Keraton.
       Sesampunipun nikah kaliyan Ruhiah, Syech Maulana manggen wonten daerah Banjarcahyana, dipunderekaken dening abdi setianipun Haji Datuk. Asma Banjarcahyana punika kadosipun dipun sukakaken cocog kaliyan papan ingkang dipun padosi wonten milanipun inggih punika panggonan ingkang sumorot. Syech Maulana Maghribi gantos nami Mbah Atas Angin.
       Mbah Atas Angin ngraos gatel-gatel ugi mboten cepet mantun sanadyan sampun kathah tiyang ingkang dipuncobi. Ing satunggalipun ndalu, piyambakipun pikantuk ilham kangge siram wonteng ing Gunung Gora, mila kekalih muslim punika  tindak wonten Gunung Gora.
Sesampunipun dumugi wonten Gunung Goram Mbah Atas Angin nuju dumateng satunggaling panggenan ingkang mencuraken toya benter, tumuli /sigra piyambakipun siram wonten papan punika sawetawis wekdal, akhiripun, mantunlah penyakit ingkang dipunsandang. Panggenan punika dipun sebat Pancuran Pitu.
       Milanipun piyambakipun saras dan mantun saking penyakit wonten ing Gunung Gora kasebut mila nami Gunung Gora dipun gantos kaliyan nami Gunung Slamet.
Dene, nami Baturaden punika dipunpendhet saking nami peparab Haji Datuk ingkang dipun aturi pangkat Rusuludi dene Mbah Atas Angin sebab kesetiaanipun tumprap ndherekaken Syech mujudaken citaa-citanipun. Kata Rusuludi tegesipun “abdi ingkang sae lan setia”.
Mila ngetingal nami baturaden wonten bahasa Jawa saking terjemahan abdi ingkang sae. Abdi tegesipun batur, dene sae = adi. Mila, kekalih kata punika dirangkaikaken dados Batur-Adi, ingkang akhiripun dados Baturaden.
       Sesampunipun Mbah Atas Angin mantun, piyambakipun kondur wonten Banjarcahyana, lan tumuli ngutus dumateng putra-putranipun kangge nyebaraken agama Islam, amargi piyambakipun badhe kondur wonten negeri Rum. Sesampunipun wangsit dhateng putra-putranipun, tindhak kekalih muslim punika dening negeri asalipun.
Sumber : Buku ingkang dipunterbitaken dening Badan Pengelola Lokawisata Baturaden.

Sumber sanesipun :

       Baturaden saking tembung “Batur-Radin”. Batur = sepetak siti ingkang dipun tata ugi pinggiripun dipunpasang selo kaliyan rapi, biasanipun dados bakal dipundegaken griya. Radin = rata/ datar. Dados, Batur-Radin punika panggenan Syech Jambu Karang kangge nyewiji ingkang akhiripun didadosaken nami Baturaden.

Artikel Terkait:

1 comment: